Senin, 12 Agustus 2019

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Pendidikan


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kula hormati, Rektor IAIN Pekalongan, Bapak Dr. H. Ade Dedi Rohayana, M.Ag.
Ingkang kula hormati, Dekan Fakultas Tarbiyah lan Ilmu Keguruan, Bapak Dr. H. M. Sugeng Sholehudin, M.Ag.
Ingkang kula hormati, segenap dewan juri lan segenap panitia ingkang ngraos bingah ngawontenaken adicara Festival Pendidikan.
Ingkang kula hormati ugi sedanten rencang-rencang mahasiswa-mahasiswi Tarbiyah lan Ilmu Keguruan ingkang sampun berbondong-bondong ngramekaken ing adicara menika.
  Syukur alhamdulillah, sumangga kita panjataken dhumateng Allah swt. ingkang sampun paring kinten-kinten kenikmatan, sahinggo kita sedanten saged kempal wonten ing mriki, kanthi mboten enten setunggal alangan punapa.
  Kaping kalihipun, sholawat saha salam senantioso kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad saw. kanhti waosan “Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad” Mugiyo kita sedanten saged angsal syafaatipun saking beliau amin, amin ya robbal ‘alamin.
  Rencang-rencang sedanten ingkang kula tresnani, menawi kita pirsani ing jaman sak niki, inggih punika pendidikan sampun mlebet ten jaman modern. Pendidikan jaman modern  punika sampun nyediakaken sedanten sarana lan prasarana ingkang menunjang kangge pendidikan, lan sampun maringi kinten-kinten kegampilan kangge kita wonten ing pendidikan. Diantawisipun kita sampun gampil anggenipun pangkat kuliah keranten kendaraan ing jaman modern sampun katah, kita sampun gampil anggenipun nyekapi sandang lan papan panggenan, kita ugi sampun gampil anggenipun ndamel tugas keranten ing jaman punika teknologi sampun maju.
 Rencang-rencang sedanten ingkang taksih mirengaken kula, minangka kita pirsani ing jaman riyen, tiyang sepah kita anggenipun kepengin golek elmu menika kedah ngraosaken kasusahan. Menawi badhe tindak menyang sekolah mawon, tiyang riyen menika kedah mlampah pirang-pirang kilo kanthi mboten mbekto arta utawi bekel punapa-punapa. Ananging tiyang riyen menika mboten ngraos putus asa, tiyang riyen tetep semanget anggenipun belajar, lan sampun mbuktikaken katah tiyang riyen ingkang sampun kasil. Rencang-rencang ingkang ngraos bingah, maksud kula cariyos mekaten niki kita kedah dadosaken cermin maring awak kita piyambak supados kita saged introspeksi lan mawas diri. Kinten-kinten kita sampun dados tiyang kados tiyang riyen nopo dereng?
Mila saking punika, sumangga kita ingkang dados mahasiswa ing jaman sak niki kedah ngraosaken syukur dhumateng Allah swt., kita kedah dados tiyang ingkang saged mbingahaken maring tiyang sepah kita, lan kita kedah saged dados tiyang ingkang turut mbantu dhateng pembangunan negari kita, inggih menika Indonesia.
    Lajeng, kados pundi caranipun kita ngrasosaken raos syukur punika? inggih menika kita kedah estu yekti anggenipun belajar, yekti belajar punika kanthi saged ndamel kreasi lan inovasi ingkang bernilai lan maringi manfaat dhateng tiyang lintu. Kita menawi dados mahasiswa ugi ampun ngantos dados tiyang ingkang males-malesan. Menawi kula pirsani wonten ing kelas, taksih katah sanget mahasiswa ingkang dereng saged yekti anggenipun belajar, taksih katah mahasiswa ingkang males-malesan, sak estu kula kepengin sanget ngajak maring rencang-rencang sedanten. Ananging keranten kekirangan kula, kula mboten saged tumindak punapa-punapa. Mila saking punika, kula ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng Dema FTIK, ingkang sampun maringi kesempatan kangge kula jumeneng ten mriki. Kanthi kesempatan niki, kula ngajak dumateng awak kula piyambak lan rencang-rencang sedanten, khususipun mahasiswa FTIK, sumangga kita sareng-sareng anggenipun semanget belajar, ampun dados tiyang ingkang males-malesan, sahingga kita sedanten saged dados tiyang ingkang saged maringi manfaat, saged mbingahaken tiyang sepah kita, guru-guru kita, saged ndadosaken kemajuan maring Indonesia lan saged dados tiyang ingkang angsal ridho saking Allah swt. lan Rosulullah saw., amin, amin ya robbal ‘alamin.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten.

Wabillahi taufiq wal hidayah,
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakutuh.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

DISKUSI MATERI 2

...